Pungkasane, Pangeran
Samudro bisa ngalahake para wadya bala segara kidul ing paprangan mau. Awit
saka kuwi, banjur Kanjeng Ratu Kidul kepengin yen Jaka Jadhug dadi anak angkate
lan uga bakal diwenehi tugas kanggo njaga separone bandha kang ana ing segara
kidul. Ananging kabeh mau katampik dening
Pangeran Samudra, amerga anggone lelana ora nduweni ancas kaya mangkono.
Nalika semana, Pangeran Samudra isih jejuluk Jaka Jadhug. Awit saka kadigdayane
mau, mula Kanjeng Ratu Kidul menehi gelar kanggo Jaka
Jadhug yaiku diwenehi jeneng Pangeran Samudro. Ratu Kidul anggone maringi gelar
Pangeran Samudro awit saka kadigdayane kang bisa nggawe segara banyu malih dadi
segara pasir. Sawise nampa gelar saka Kanjeng Ratu kidul, Pangeran Samudro didhawuhi
supaya dheweke nutukake anggone lelana mau. Pangeran Samudro enggal-engal
ngestokaken apa kang dadi dhawuhe Kanjeng Ratu Kidul.
Pangeran Samudro lan
abdine banjur nutukake anggone lelana. Dheweke mlaku mengalor supayane bisa
sisan bali lan nggoleki sedulur-sedulure. Amarga krasa yen kesel, Pangeran Samudro lan abdine
loro mau banjur leren. Tibake papan anggone leren Pangeran Samudro kuwi mau
awujud ngalas kobong. Banjur Pangeran
Samudro menehi sabda “Papan kang wujud
ngalas kobong iki, kanggo besuke dakjenengi desa Kobar”. Desa kuwi mau banjur diarani desa Kobar kang saikine ana ing cerake dhaerah Gemolong.
Ora suwe anggone leren,
Pangeran Samudro Banjur nutukake anggone lelana. Lumakune Pangeran Samudra lan abdine sansaya
adoh, nganti tekan ana ing sawijining desakang aran Desa gondang Jenalus. Ing
kana, Pangeran Samudro lan abdine mandeg saprelu ngaso. Satengahing Pangeran
Samudro ngaso, dheweke ketemu karo
pawongan kang asale saka Demak. Pawongan mau arane Kyai Kamaliman. Kyai
Kamaliman mau uga minangka sedulur saka Demak kang kocar-kacir rikala Majapahit
perang karo Demak Bintoro.
Gandeng ing desa Gondang
Jenalus Pangeran Samudro ketemu karo sedulur saka Demak, pungkasane dheweke ora
mung ngaso sawetara ana ing desa kana mau, ananging nganti mulangake babagan
agama Islam marang para warga kang ana ing desa kana mau. Rumangsa wis cukup
anggone mulangake babagan agama ana ing desa Gondang Jenalus, Pangeran Samudro
lan abdine banjur pamitan marang Kyai Kamaliman lan para warga saprelu arep
nutukake lelakone kang sejatine wis kasigeg sawetara ana ing desa kana mau.
Sapamite Pangeran Samudra
marang sedulur kang ana ing Gondang Jeanlus, Pangeran Samudro banjur nutukake
anggone lelana. Lumakune Pangeran Samudro lan abdine mau wis malih mengulon. Ora nyana ing satengahing
anggone lelana, Pangeran Samudra nandang lara. Nalika samana lakune Pangeran
Samudr wis tekan ana ing oro-oro kabar. Ananging, Pangeran Samudro ora nggagas
karo apa kang dirasakake. Pangeran Samudro banjur tetep nutukake lelanane.
Sansaya suwe Pangeran
Samudro rumangsa ora kuwat nandang lara mau. Amarga banget larane, mula
Pangeran Samudro anggone mlaku nganti sempoyongan banjur semaput ana ing
satengahing dalan. Pangeran Samudro banjur ngaso sawetara supaya anggone
ngrasakake lara rada suda. Nalika Pangeran Samudro ngrasa wis rada kepenak,
dheweke banjur nutukake anggone lelana. Ananging sadurunge nutukake lelana,
Pangeran Samudro paring sabda maneh marang apa sing wis kedadeyan ana ing papan
kana mau.“Amarga ana ing kene mau anggonku mlaku sempoyongan kepara nganti semaput.
Papan kene iki dakwenehi jeneng Desa Doyong”, mangkono sabdane Pangeran Samudro.
Mula, seprene papan panggonan kana mau dijenengake desa Doyong.
Sejatine, nalika ana ing
desa Doyong, Pangeran Samudra larane sansaya parah, ananging tekade kang gedhe
ngalahake rasa larane mau. Pangeran Samudro lan abdine isih wae nutukake
anggone lelana. Para abdi kang tansah mituhu ndherekake lampahe Pangeran
Samudro tansah sumelang marang larane Pangeran Samudro kang sansaya parah,
ananging amerga ora wani matur, kepeksa para abdi mung meneng wae.
Pangeran Samudro isih nutukake
lakune nganti tekan desa, sing saiki jenenge dadi desa Barong. Dijenengi desa
Barong, amarga ing kono Pangeran Samudro wiwit sambat ‘gorang-garong’ marang
abdine ngenani babagan larane kang sansaya parah. Ananging Pangeran Samudra
Banjur nutukake maneh anggone mlaku nganti tekan dhaerah sakulone desa Kepluk. Ana
ing kana, Pangeran Samudro lan abdine leren lan semendhe ing sangisoring wit
nagasari.
Kekarepane Pangeran
Samudro pancen gedhe banget anggone nutukake lelana nganti sarampunge. Kepara
nganti ora gelem kalah karo larane. Pangeran Samudro banjur nerusake maneh
anggone mlaku. Ananging, anggone mlaku saiki ora kuwat suwe, amerga larane
sansaya parah. Sedhela mlaku, banjur
dheweke leren. Mangkono sateruse nganti tekan ing salah sawijining papan kang dikira
wis tekan papan kang tinuju. Tekan ing papan kana, Pangeran Samudro banjur
nancepake teken sing digawa mau ing lemah. Ananging ora let suwe, Pangeran
Samudro banjur ngendikan, “Lha kok tibake luput. Dudu papan iki sing tak
goleki”. Pangeran Samudro rumangsa yen papan kang dituncepi tekene kuwi mau
luput utawa dudu papan sing digoleki, banjur dheweke aweh sabda maneh, yen
papan kono mau diwenehi jeneng desa Salahan.
Salah sawijining abdi kang
mituhu nderekake Pangeran Samudro lelana, yaiku aran Kyai Godhag Wesi matur yen kepengin keri ana ing desa kuwi lan jaga
desa kuwi. “Kanjeng Pangeran, kula kersane tininggal wonten ngriki kemawon,
supados saged njagi papan menika”, mangkono anggone matur marang Pangeran
Samudro. Krungu apa kang dadi penjalukke abdine kuwi mau, Pangeran Samudro ngiyani
panjaluk mau.
-bersambung-
