Kamis, 20 November 2014

REKONTRUKSI CERITA RAKYAT "PANGERAN SAMUDRO" (2)

Pungkasane, Pangeran Samudro bisa ngalahake para wadya bala segara kidul ing paprangan mau. Awit saka kuwi, banjur Kanjeng Ratu Kidul kepengin yen Jaka Jadhug dadi anak angkate lan uga bakal diwenehi tugas kanggo njaga separone bandha kang ana ing segara kidul. Ananging kabeh mau katampik dening  Pangeran Samudra, amerga anggone lelana ora nduweni ancas kaya mangkono. Nalika semana, Pangeran Samudra isih jejuluk Jaka Jadhug. Awit saka kadigdayane mau,  mula  Kanjeng Ratu Kidul menehi gelar kanggo Jaka Jadhug yaiku diwenehi jeneng Pangeran Samudro. Ratu Kidul anggone maringi gelar Pangeran Samudro awit saka kadigdayane kang bisa nggawe segara banyu malih dadi segara pasir. Sawise nampa gelar saka Kanjeng Ratu kidul, Pangeran Samudro didhawuhi supaya dheweke nutukake anggone lelana mau. Pangeran Samudro enggal-engal ngestokaken apa kang dadi dhawuhe Kanjeng Ratu Kidul.
Pangeran Samudro lan abdine banjur nutukake anggone lelana. Dheweke mlaku mengalor supayane bisa sisan bali lan nggoleki sedulur-sedulure. Amarga  krasa yen kesel, Pangeran Samudro lan abdine loro mau banjur leren. Tibake papan anggone leren Pangeran Samudro kuwi mau awujud  ngalas kobong. Banjur Pangeran Samudro menehi sabda “Papan  kang wujud ngalas kobong iki, kanggo besuke dakjenengi desa Kobar”.  Desa kuwi mau banjur diarani desa Kobar kang  saikine ana ing cerake dhaerah Gemolong.
Ora suwe anggone leren, Pangeran Samudro Banjur nutukake anggone lelana.  Lumakune Pangeran Samudra lan abdine sansaya adoh, nganti tekan ana ing sawijining desakang aran Desa gondang Jenalus. Ing kana, Pangeran Samudro lan abdine mandeg saprelu ngaso. Satengahing Pangeran Samudro ngaso,  dheweke ketemu karo pawongan kang asale saka Demak. Pawongan mau arane Kyai Kamaliman. Kyai Kamaliman mau uga minangka sedulur saka Demak kang kocar-kacir rikala Majapahit perang karo Demak Bintoro.
Gandeng ing desa Gondang Jenalus Pangeran Samudro ketemu karo sedulur saka Demak, pungkasane dheweke ora mung ngaso sawetara ana ing desa kana mau, ananging nganti mulangake babagan agama Islam marang para warga kang ana ing desa kana mau. Rumangsa wis cukup anggone mulangake babagan agama ana ing desa Gondang Jenalus, Pangeran Samudro lan abdine banjur pamitan marang Kyai Kamaliman lan para warga saprelu arep nutukake lelakone kang sejatine wis kasigeg sawetara ana ing desa kana mau.
Sapamite Pangeran Samudra marang sedulur kang ana ing Gondang Jeanlus, Pangeran Samudro banjur nutukake anggone lelana. Lumakune Pangeran Samudro lan abdine mau  wis malih mengulon. Ora nyana ing satengahing anggone lelana, Pangeran Samudra nandang lara. Nalika samana lakune Pangeran Samudr wis tekan ana ing oro-oro kabar. Ananging, Pangeran Samudro ora nggagas karo apa kang dirasakake. Pangeran Samudro banjur tetep nutukake lelanane.
Sansaya suwe Pangeran Samudro rumangsa ora kuwat nandang lara mau. Amarga banget larane, mula Pangeran Samudro anggone mlaku nganti sempoyongan banjur semaput ana ing satengahing dalan. Pangeran Samudro banjur ngaso sawetara supaya anggone ngrasakake lara rada suda. Nalika Pangeran Samudro ngrasa wis rada kepenak, dheweke banjur nutukake anggone lelana. Ananging sadurunge nutukake lelana, Pangeran Samudro paring sabda maneh marang apa sing wis kedadeyan ana ing papan kana mau.“Amarga ana ing kene mau anggonku mlaku sempoyongan kepara nganti semaput. Papan kene iki dakwenehi jeneng Desa Doyong”, mangkono sabdane Pangeran Samudro. Mula, seprene papan panggonan kana mau dijenengake desa Doyong.
Sejatine, nalika ana ing desa Doyong, Pangeran Samudra larane sansaya parah, ananging tekade kang gedhe ngalahake rasa larane mau. Pangeran Samudro lan abdine isih wae nutukake anggone lelana. Para abdi kang tansah mituhu ndherekake lampahe Pangeran Samudro tansah sumelang marang larane Pangeran Samudro kang sansaya parah, ananging amerga ora wani matur, kepeksa para abdi mung meneng wae.
Pangeran Samudro isih nutukake lakune nganti tekan desa, sing saiki jenenge dadi desa Barong. Dijenengi desa Barong, amarga ing kono Pangeran Samudro wiwit sambat ‘gorang-garong’ marang abdine ngenani babagan larane kang sansaya parah. Ananging Pangeran Samudra Banjur nutukake maneh anggone mlaku nganti tekan dhaerah sakulone desa Kepluk. Ana ing kana, Pangeran Samudro lan abdine leren lan semendhe ing sangisoring wit nagasari.
Kekarepane Pangeran Samudro pancen gedhe banget anggone nutukake lelana nganti sarampunge. Kepara nganti ora gelem kalah karo larane. Pangeran Samudro banjur nerusake maneh anggone mlaku. Ananging, anggone mlaku saiki ora kuwat suwe, amerga larane sansaya parah. Sedhela mlaku,  banjur dheweke leren. Mangkono sateruse nganti tekan ing salah sawijining papan kang dikira wis tekan papan kang tinuju. Tekan ing papan kana, Pangeran Samudro banjur nancepake teken sing digawa mau ing lemah. Ananging ora let suwe, Pangeran Samudro banjur ngendikan, “Lha kok tibake luput. Dudu papan iki sing tak goleki”. Pangeran Samudro rumangsa yen papan kang dituncepi tekene kuwi mau luput utawa dudu papan sing digoleki, banjur dheweke aweh sabda maneh, yen papan kono mau diwenehi jeneng desa Salahan.

Salah sawijining abdi kang mituhu nderekake Pangeran Samudro lelana, yaiku aran Kyai Godhag Wesi matur  yen kepengin keri ana ing desa kuwi lan jaga desa kuwi. “Kanjeng Pangeran, kula kersane tininggal wonten ngriki kemawon, supados saged njagi papan menika”, mangkono anggone matur marang Pangeran Samudro. Krungu apa kang dadi penjalukke abdine kuwi mau, Pangeran Samudro ngiyani  panjaluk mau. 

-bersambung-

REKONTRUKSI CERITA RAKYAT "PANGERAN SAMUDRO" (1)

PANGERAN SAMUDRO

Jaman biyen ana salah sawijining bangsawan kang bagus rupane, aran Pangeran Samudro. Pangeran Samudro iku putrane Raja Majapahit kang pungkasan yaiku Prabu Brawijaya V saka ibu selir Raden Ayu Ontrowulan.  
Nalika isih cilik, Pangeran Samudro nduweni aran Raden Kendhang utawa Jaka Jadhug. Pangeran Samudro amerga trah turunane Majpahit, mula dheweke nduweni kapitadosan marang agama Syiwa-Buddha. Pangeran Samudra uga nduweni sedulur tua kang wis jumeneng nata ana ing Gunung Lawu, yaiku Raden Gugur utawa Sunan Lawu.  Pangeran Samudra karo Raden Gugur pindhane kaya bumi karo langit. Raden Gugur kang ana ing gunung Lawu nduweni kapitadosan kang beda karo adhine. Raden Gugur nduweni kapitadosan ing agama Islam, kepara dheweke bisa sinebut guru ing babagan agama Islam. Ananging, Pangeran Samudro ora ngerteni yen dheweke kuwi mau nduweni kakang kang aran Raden Gugur.

Rrikala semana kerajaan Majapahit kang kapimpin dening Prabu Brawijaya V diserang karo kerajaan Islam Demak Bintoro pimpinane Raden Patah. Paprangan antarane kerajaan Majapahit lan Kerajaan Islam Demak iki mau ndadekake para punggawa lan rakyat saka kerajaan Majapahit kocar-kacir. Akeh para punggawa lan rakyat Majapahit kang mlayu saka paprangan. Kejaba Pangeran Samudro lan  ibune yaiku Raden Ayu Ontrowulan ora melu nglungani, ananging isih tetep ana kana. Pungkasane Pangeran Samudro lan Raden Ayu Ontrowulan diboyong karo Raden Patah menyang Kerajaan Demak Bintoro. Nalika semana, Pangeran Samudra umure isih sawetara 18 tahun.

Sasuwene diboyong ana kerajaan Demak Bintoro, Pangeran Samudro lan Ibune ngawula marang Raden Patah. Ana ing kana Pangeran Samudro lan Ontrowulan ora kaanggep minangka tawanan perang, ananging dheweke kaanggep minangka kaya sedulur. Pangeran Samudro ana kana uga entuk piwulang ing babagan agama Islam saka Sunan Kalijaga. Pangeran Samudro kagolong bocah kang pinter, amerga anggone nampa piwulang gampang tanggep. Pungkasane, pangeran Samudro kang sadurunge agamane Hindu sawise nampa piwulang babagan agama Islam, banjur mlebu Islam.

Anggone nampa piwulang babagan agama saka Sunan Kalijaga rumangsa wis cukup lan uga sansaya tambah diwasa, pangeran Samudro nampa dhawuh saka Sultan Demak yaiku Raden Patah lumantar Sunan Kalijaga. Pangeran Samudro didhawuhi supaya ngangsu kawruh kang luwih jero marang Kyai Ageng Gugur saka desa Pandan Gugur kang ana ing lereng Gunung Lawu. Kyai ageng Gugur kuwi ora liya sejatine minangka sedulur tuwane pangeran Samudro kang uga nduweni aran Sunan Lawu, ananging kasunyatan ngenani sejatine Kyai Gugur ora dingerteni Pangeran Samudro.

Pangeran Samudro ora mung nampa dhawuh supaya ngangsu kawruh marang Kyai Gugur wae, ananging uga kajibah dening Raden Patah supaya uga bisa ngraketake sedulur-sedulure kang kocar-kacir nalikane Majapahit kalah prang tandhing mungsuh Demak Bintoro. Pangeran Samudro sejatine ora mung bagus rupane, ananging uga bagus pakartine, mula kabeh dhawuhe Raden Patah bisa kaestokake kanthi legawa.

Sabubare nampa dhawuh mau, Pangeran Samudro banjur lelana mring gunung Lawu saprelu ngangsu kawruh marang Kyai Gugur kang sejatine ora liya kakange dhewe. Pangeran Samudro anggone lelana ora mung dhewekan, ananging uga dikancani karo wong loro, yaiku abdine kang mituhu marang dheweke. Cekake, Pangeran Samudra wis tutug ing lereng gunung Lawu yaiku papan panggonane Kyai Gugur. Ana ing kana Pangeran Samudro nggegulang babagan kawruh sejatine agama Islam. Sasuwene Pangeran Samudra ngangsu kawruh ana kana, dheweke isih ora ngerteni yen sejatine Raden Gugur kuwi mau kakange dhewe.

Sansaya suwe Pangeran Samudro anggone ngudi babagan agama Islam sansaya mateng. Rumangsa ilmu kang ginayuh Pangeran Samudro wis cukup, Kyai Gugur banjur nyritakake yen sejatine Pangeran Samudro kuwi ora liya adhine dhewe. Pangeran Samudro sing krungu ceritane banjur kaget lan ora ngira yen gurune dheweke mau sejatine kakange dhewe. Ananging, Pangeran Samudro bungah nalikane keprungu cerita babagan sejatine Kyai Gugur minangka kakange dhewe. Amerga, dheweke kelingan apa kang dadi dhawuhe Raden Patah, yen dheweke kudu bisa gawe sedulur-sedulure bisa nyawiji maneh saprelu kanggo mangun kadigdayane kerajaan Demak Bintoro.

Pangeran Samudro banjur cerita uga marang kakange yen sejatine dheweke kadhawuhan Raden Patah supaya bisa ndadekake rakete sedulur-sedulure, saprelu kanggo mangun lan nggawe kadigdayan kerajaan Demak Bintoro. Kyai Gugur kang wiwit mau ngrungokake ceritane adhine, pungkasane gelem mangerteni uga gelem diajak balik menyang Demak maneh.

Ora mung tekan semana mau anggone Pangeran Samudro nggegulang ilmu. Dheweke uga didhawuhi maneh saka kakange mau, yaiku lelana nganti tekan sapinggiring segara kidul. Pangeran Samudro wiwit dhisik pancen wis duwe kekarepan kang gedhe kanggo lelana. Mula, Pangeran Samudro uga gelem nglakoni apa kang dadi dhawuhe kakange mau. Sabubare kuwi, Pangeran Samudro banjur nyuwun pamit saprelu ngestokake dhawuhe kakange suapaya lelana maneh nganti tekan sapinggire segara kidul.

Nalika wis tekan ing sapinggire segara kidul, Pangeran Samudro banjur tapa brata ana ing kana. Pangeran Samudra anggone nglakoni tapa brata uga pasa ora manga, ora ngombe, lan uga ora turu. Gandheng Pangeran Samudro kuwi nduweni trah saka  kerajaan Majapahit, mula anggone tapa brata kuwi mau nuwuhake kadigdayan kang gedhe banget kepara nganti gawe gegere wadya bala kang ana ing pinggire segara kidul. Wadya bala kang ana ing kana mau ngrasakake panas awit saka kadigdayane Pangeran Samudro rikala nglakoni tapa brata. Mula, Pangeran Samudro dikon lunga dening para wadya bala saka papan panggonan  tapa brata kuwi mau. Pangeran Samudro ora nggagas panjaluke para wadya bala segara kidul. Amerga Pangeran Samudro ora gelem ngrampungi anggone tapa brata lan lunga saka papan kana, pungkasane kedadeyan prang tandhing adu kadigdayan  antarane Pangeran Samudra karo wadya bala segara kidul. Pangeran Samudro anggone prang tandhing mungsuh wadya bala segara kidul ora mertanggung. Pangeran Samudra nuduhake kadigdayane, dheweke nggegem segara sing maune arupa banyu, malih dadi segara pasir. Awit saka kadigdayane Pangeran Samudro mau, Kanjeng Ratu Kidul kang rumangsa nduweni papan  panggonan kana mau metu saka papan palenggahane. Kanjeng Ratu Kidul gumun nalika weruh kadigdayaane Pangeran Samudro,


- bersambung -