Sabtu, 18 Juni 2016

Rekontruksi Cerita Rakyat Pangeran Samudro (3)

Pungkasane, Pangeran Samudro bisa ngalahake para wadya bala segara kidul ing paprangan mau. Awit saka kuwi, banjur Kanjeng Ratu Kidul kepengin yen Jaka Jadhug dadi anak angkate lan uga bakal diwenehi tugas kanggo njaga separone bandha kang ana ing segara kidul. Ananging kabeh mau katampik dening  Pangeran Samudra, amerga anggone lelana ora nduweni ancas kaya mangkono. Nalika semana, Pangeran Samudra isih jejuluk Jaka Jadhug. Awit saka kadigdayane mau,  mula  Kanjeng Ratu Kidul menehi gelar kanggo Jaka Jadhug yaiku diwenehi jeneng Pangeran Samudro. Ratu Kidul anggone maringi gelar Pangeran Samudro awit saka kadigdayane kang bisa nggawe segara banyu malih dadi segara pasir. Sawise nampa gelar saka Kanjeng Ratu kidul, Pangeran Samudro didhawuhi supaya dheweke nutukake anggone lelana mau. Pangeran Samudro enggal-engal ngestokaken apa kang dadi dhawuhe Kanjeng Ratu Kidul.
Pangeran Samudro lan abdine banjur nutukake anggone lelana. Dheweke mlaku mengalor supayane bisa sisan bali lan nggoleki sedulur-sedulure. Amarga  krasa yen kesel, Pangeran Samudro lan abdine loro mau banjur leren. Tibake papan anggone leren Pangeran Samudro kuwi mau awujud  ngalas kobong. Banjur Pangeran Samudro menehi sabda “Papan  kang wujud ngalas kobong iki, kanggo besuke dakjenengi desa Kobar”.  Desa kuwi mau banjur diarani desa Kobar kang  saikine ana ing cerake dhaerah Gemolong.
Ora suwe anggone leren, Pangeran Samudro Banjur nutukake anggone lelana.  Lumakune Pangeran Samudra lan abdine sansaya adoh, nganti tekan ana ing sawijining desakang aran Desa gondang Jenalus. Ing kana, Pangeran Samudro lan abdine mandeg saprelu ngaso. Satengahing Pangeran Samudro ngaso,  dheweke ketemu karo pawongan kang asale saka Demak. Pawongan mau arane Kyai Kamaliman. Kyai Kamaliman mau uga minangka sedulur saka Demak kang kocar-kacir rikala Majapahit perang karo Demak Bintoro.
Gandeng ing desa Gondang Jenalus Pangeran Samudro ketemu karo sedulur saka Demak, pungkasane dheweke ora mung ngaso sawetara ana ing desa kana mau, ananging nganti mulangake babagan agama Islam marang para warga kang ana ing desa kana mau. Rumangsa wis cukup anggone mulangake babagan agama ana ing desa Gondang Jenalus, Pangeran Samudro lan abdine banjur pamitan marang Kyai Kamaliman lan para warga saprelu arep nutukake lelakone kang sejatine wis kasigeg sawetara ana ing desa kana mau.
Sapamite Pangeran Samudra marang sedulur kang ana ing Gondang Jeanlus, Pangeran Samudro banjur nutukake anggone lelana. Lumakune Pangeran Samudro lan abdine mau  wis malih mengulon. Ora nyana ing satengahing anggone lelana, Pangeran Samudra nandang lara. Nalika samana lakune Pangeran Samudr wis tekan ana ing oro-oro kabar. Ananging, Pangeran Samudro ora nggagas karo apa kang dirasakake. Pangeran Samudro banjur tetep nutukake lelanane.
Sansaya suwe Pangeran Samudro rumangsa ora kuwat nandang lara mau. Amarga banget larane, mula Pangeran Samudro anggone mlaku nganti sempoyongan banjur semaput ana ing satengahing dalan. Pangeran Samudro banjur ngaso sawetara supaya anggone ngrasakake lara rada suda. Nalika Pangeran Samudro ngrasa wis rada kepenak, dheweke banjur nutukake anggone lelana. Ananging sadurunge nutukake lelana, Pangeran Samudro paring sabda maneh marang apa sing wis kedadeyan ana ing papan kana mau.“Amarga ana ing kene mau anggonku mlaku sempoyongan kepara nganti semaput. Papan kene iki dakwenehi jeneng Desa Doyong”, mangkono sabdane Pangeran Samudro. Mula, seprene papan panggonan kana mau dijenengake desa Doyong.
Sejatine, nalika ana ing desa Doyong, Pangeran Samudra larane sansaya parah, ananging tekade kang gedhe ngalahake rasa larane mau. Pangeran Samudro lan abdine isih wae nutukake anggone lelana. Para abdi kang tansah mituhu ndherekake lampahe Pangeran Samudro tansah sumelang marang larane Pangeran Samudro kang sansaya parah, ananging amerga ora wani matur, kepeksa para abdi mung meneng wae.
Pangeran Samudro isih nutukake lakune nganti tekan desa, sing saiki jenenge dadi desa Barong. Dijenengi desa Barong, amarga ing kono Pangeran Samudro wiwit sambat ‘gorang-garong’ marang abdine ngenani babagan larane kang sansaya parah. Ananging Pangeran Samudra Banjur nutukake maneh anggone mlaku nganti tekan dhaerah sakulone desa Kepluk. Ana ing kana, Pangeran Samudro lan abdine leren lan semendhe ing sangisoring wit nagasari.
Kekarepane Pangeran Samudro pancen gedhe banget anggone nutukake lelana nganti sarampunge. Kepara nganti ora gelem kalah karo larane. Pangeran Samudro banjur nerusake maneh anggone mlaku. Ananging, anggone mlaku saiki ora kuwat suwe, amerga larane sansaya parah. Sedhela mlaku,  banjur dheweke leren. Mangkono sateruse nganti tekan ing salah sawijining papan kang dikira wis tekan papan kang tinuju. Tekan ing papan kana, Pangeran Samudro banjur nancepake teken sing digawa mau ing lemah. Ananging ora let suwe, Pangeran Samudro banjur ngendikan, “Lha kok tibake luput. Dudu papan iki sing tak goleki”. Pangeran Samudro rumangsa yen papan kang dituncepi tekene kuwi mau luput utawa dudu papan sing digoleki, banjur dheweke aweh sabda maneh, yen papan kono mau diwenehi jeneng desa Salahan.
Salah sawijining abdi kang mituhu nderekake Pangeran Samudro lelana, yaiku aran Kyai Godhag Wesi matur  yen kepengin keri ana ing desa kuwi lan jaga desa kuwi. “Kanjeng Pangeran, kula kersane tininggal wonten ngriki kemawon, supados saged njagi papan menika”, mangkono anggone matur marang Pangeran Samudro. Krungu apa kang dadi penjalukke abdine kuwi mau, Pangeran Samudro ngiyani  panjaluk mau.
Abdine mau kang sasuwene tansah mituhu ndherekake lampahe banjur tininggal ing desa Salahan. Sabubare ninggal abdine mau, Pangeran Samudro mlaku menyang ngidul. Ananging anggone lumaku mengidul iki kaya-kaya tan ginagas lan tanpa ngerti papan ngendi kang arep tinuju. Pungkasane banjur Pangerasn Samudro tansah muter-muter merga bingung anggone arep mlaku meneh. Awit saka kedadeyan kang wis gawe bingung Pangeran Samudro, mula ing papan panggonan kana mau saiki dijenengi Kedhung Uter.

Kahanane Pangeran Samudro sansaya suwe dadi ora karuan. Anggone nandang lara sansaya parah. Amarga kahanan larane Pangeran Samudro sansaya parah, mula para abdi kang melu Pangeran Samudro kuwi mau di dhawuhi bali menyang kraton, ngaturi pirsa Raja yen dheweke lagi nandang lara. 

-bersambung-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar